PIRANG–pirang ndino kiye rasane ilat gel sepo kae, batine mbak Jum. Ketoke pingin tauto, jebulno bareng liwat Sayung apak tuku, wis ora sido pingin. Mangan tik jangan lodeh, pindang banyar? Pernahe bosen. Jangan asem tik sambel cucut? Sambele sedep seger, dikeceri jeruk? Hidilah tembene wingi blenger panggang cucut, goro-goro kentekan sedulur kadek Wonosobo, jarene kangen karo panggang cucute pekalongan. Masak mangut cucut san wajan gedhi, dadine mangan cucut sampek mblenger. Opo meneh kiye sasarane...men cangkeme ora kecut, ket mau durung mangan.
Mba Jum kalah-kalahe pingin lontong tahu. Tahune digoreng tesan, kobise dirajang lembut. Bumbune sing luget...bawange menteh. Hidilah dadi kelingan lontong tahune pak Dastam, sing mider akhir tahun70-an – 80 an. Jaman mbak Jum zik cilik. Mikul dewe, padahal pak Dastame wis tuwo. Ider kadek Kergon ketug Bendan Barat-Podosugih. Dikancani anake seng ngrewangi mbuntel. Pikulane dipadhangi teplok. Nek nguleg bumbu, wis tunak-tunuk po-o zik mantep, ndaraki opo...tik layah karo-an uleg-uleg kadek kayu. Nak ngranjang kobis, cepete gel pok, gel ora kuatir keperang kae, tur biso lembut nemen. Ketug ngarep omahe mbak Jum biasane wis bengi, antarane jam sepuluhan. Dag-dog-dag-dog niteni, nak dag-dog sing liwate mbengi kui mesti lontong tahu.
Kambik zik nostalgia lontong tahune pak Dastam, mbak Jum mlebu nang warunge Yu Trimah. Pesen the anget, bar kuwi njukuk rempeyek entho sing nang keler. Longko lontong tahu, peyek po-o...”Ejian, zik isuk zik kempripik kiye peyeke nju... Asline aku zik nyidam lontong tahu jaman mbiyek kae si...lugete pok. Kiye weruhe peyek, pak ora wis, podo bae tik kacang. Kiye rempeyeke sampeyan pancen khas kalongan.
Ho...kacange mendolo bunder-bunder. Nak tuku nang Semarang, akeh-akehe kacange dirajang tipis,”karo kremus-kremus po-o mbak Jum zik wutuh kojahan. Yu trimah biasa ra..mesem othok. Selot tuwo po-o malah selot ayu. Padahal ora kober dandan lipenan otok. Klambine ijo cerah. Jarene wong-wong rupane Yu Trimah kuwi sedep, koyo megonone. “Karang panganan Jowo kuwi remo-remo ok. Bocoro podo-podo rempeyek be, Pekalongan kambek Semarang seje. Podo-podo srabi be seje-seje. Srabi Kali Beluk, paling seje kambek srabi Ambarawa, seje meneh kambek srabi Solo. Jarene simakku pancen Jowo kuwi sugih roso,” Yu Trimah nyauri. Mbak Jum zik wutuh ngremusi rempeyek. Kacange wutuh po-o, tetep renyah kempriyuk.
“Oo ko kuwi ho nju, Panganan remo-remo pariasine nang Jowo kuwi asale Jowo sugih roso ho? Tembene reti kiye, roso nang ati biso nyambung kambek rosone jajanan,” ko kuwi komentare mba Jum. “Ha-ah ra kuwi zek tembe rempeyek karo srabi. Durung panganan liyone, Sing arane garang asem, biso seje-seje sak Jowo. Opo meneh soto. Persasate kabeh kota duwe soto khas dewe-dewe. Soto Pekalongan tik tauco, dadine tauco Soto Semarang seje meneh. Soto Boyolali, Soto Purworejo, Soto Gombong, Soto Kudus? Remo-remo si ho? Liyane zik akeh mba...ora panganan othol...”Yu Trimah mripate nyawang mbak Jum koyo zik ngejak bedhekan jaman cilik kae. “ Akeh ra nju sing biso disawang kadek rosone wong Jowo. Boso Jowo be atusan dewe dialeke. Kadek Tegal, Pemalang, Kalongan, Kendal, Semarang, Jogya, Solo, Banyumas, Kebumen, Purwokerto, zik sak Jawa Tengah be biso seje-seje si ha-ah pok?” ejian pintere pok kae si, Yu Trimah. Karo-an zik wutuh kemrecek, Yu Trimah kojahan perkoro pakaian adat daerah. Gampangane, klambi nganten khase dewe-dewe. Jogja-Solo tah wes do reti. Mengko Jawa Barat seje meneh, Jawa Timur, Opo meneh. Kadek model bayak-e, jarike, sampek pajangan sirahe, akehe pok jenise. Ceplike, gelange, kalunge, kopyahe manten lanang, kuluk, nlangkon, remo-remo meneh kuwi. Mbak Jum semodokan getun, jebulno Yu Trimah ahli ngomong perkoro remo-remo. Retine seje perkoro bumbu megono othok. Tur kondone karo semangat nemen. Jarene goro-goro mbiyek kerep didongengi simbahe perkoro adate wong Jowo. Wani pratin karo tirakate. Longko dresulo, longko gebrek opo meneh byah kroyokan,eh...sakiki arane tawuran.
Mbak Jum ngrungokke kambek manthuk-manthuk paham. Setuju. Akur. Kiye kadek rempeyek biso ketug ngendi-endi ora kojahane. Resepe rempeyek priye nju, men Biso enak ko kiye?”Jarene simbah, nggawe peyen entho-entho kuwi denese gampang, tapekno ora biso sembarangan. Glepung berase kudu anyar, ojo seng apek. Kacange sing menthes, ojo sing gabuk. Lengone sing apik, lengo sayur, ojo lengo sing sengar...mengko dadine cepet tengik. Bar nggo nggoreng iwak opo daging ora kaiki, angger durung soklat opo meneh buthek,” Yu Trimah nerangke. Karang njogo rosone panganan kuwi, kudune dipadakke karo njogo awake dewe. Ojo sampek nggawe gelo. Ojo sampek dianggep ngapusi. Ojo sampek ngisen-ngisenke. Delok kae... nggawe apem, nak ora ngati-ati, tliti campurane, ora bakal dadi enak. Nggawe corobikang nak ora pas njugile ora biso mekrok apik sing tuku manglihe gelo ra, corobikang enak-enak kok ora mekrok. ( Batine mbak Jum, bener ho...ketoke sepele, nggawe panganan, nak rosone ora dijogo, nggawene sakkarepe dewe, yo ora bakal dadi panganan sing enak. Jajan Kalongan sing remo-remo tur enak-enak, kuwi kadek sing nggawe tetep njogo roso. Ora nggawe tik bahan sing ora apik, ora mikir ngluru bahan sing paling murah, asale nak bahane be sing murahan, rosone seje ra...tengik, kemlothak ora biso krinyus-krinyus..bicoro rempeyek be, njaluke digawe sing temenanan, men dadine enak..., persis warisane simbah karo wong tuwo jaman mbiyek.
(SUMBER : Suara Pantura 21-04-2015)